SUGENG PITEPANGAN

Dikirim Uncategorized pada 25 April, 2008 oleh paguyubanwap

Sugeng pitepangan

Puji syukur dumateng karsaning Gusti kang maha kuwaos paguyuban wap sakmeniko pun saget nambahi fasilitas nggih meniko ndamel blog. Blog niki nggih ditujuaken dumateng poro anggota paguyuban lan poro konco sedoyo ingkang remen kaliyan blog, ugi saget ninggalaken comment kang temtune pesen ingkang mbangun :d .

Perlu panjengan sedoyo pirsani, paguyubanwap sakmeniko dipun bangun amargi nggadah tujuan, nggih sakmeniko damel ngraketaken paseduluran lan kekancan kegem sedoyo kemawon. Mboten dibatesi kudu wong jawa, tapi kagem poro konco sak Indonesia ugo sak dunia kang remen ngraketaken kekancan liwat media cyber.

Lha kengeng nopo kok paguyuban meniko ndamel boso jawa? Jawabane namung pengen nguri- uri lan nglestariaken budaya jawa kang dados salah setungggal tujuanipun ndmel paguyuban.

Menawi panjenengan sedoyo pengen gabung dating paguyuban, monggo rame – rame daftar ten http://paguyuban.wen.ru/index.html lan menawi pengen posting tolong dikirim ten paguyubanw@gmail.com. postingan mboten dibatesi ndamel basa jawa, basa Indonesia, basa Inggris nggih saget dipostingaken. Temtune postingan kang saget mlebet ten mriki kadah mboten ngandut unsure SARA lan pornogarafi.

Dumateng poro konco kang pengen ninggalaken pesen nggih kawulo sumanggaaken. Kawulo suwun urun rembagipun panjenengan sedoyo kang saget ndamel paguyubanwap meniko dados sarana kekancan ingkang paling jos…………..

Salam admin